Selasa, 04 September 2012

Pidato bahasa jawa by Me ( Fikri )

Kabudayan Jawi

Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Hasto minangka Guru Basa Jawi SMA 2 Ungaran.
Sarta para kadang kelas 11 IPA 3 ingkang tansah kula tresnani.

Sepisan, mangga kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukurdhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring nikmat kebagas warasan dhumateng kita sedaya, satemah kita saged sesarengan kempal wonten acara nglestantunaken kabudayan jawi ing papan punika. Kula minangka pangarsaning kridhodarma acara ngraosaken wedal punika kathah piyantun ingkang kirang nggatosaken dhumateng kabudayan jawi. Babagan punika saged dados babagan ingkang saestu menawi dipun terasaken.

Para kadang ingkang tansah kula tresnani.
Wonten jaman sapunika sampun kathah piyantun ingkang sampun kesupen bilih piyambakipun tiyang jawi, kados unen-unen "Wong Jawa Ilang Jawane". Babagan punika dipun sebabaken sami nglirwaaken dhumateng kabudayan jawi.

Para kadang ingkang tansah kula tresnani.
Babagan punika saged dipun rampungaken kanthi sami remen dhumateng kabudayan jawi, tuladhanipun inggih punika, purun nggulawentah babagan sekar jawi, tarian jawi, lan sanes-sanesipun.

Kula raos cekap mekaten lan semanten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi wonten gina lan manfaatipun dhumateng para kadang ingkang wedal punika sampun milai tebih dhumateng kabudayan jawi.
Ing wasana mbok bilih anggen kula matur kathah klenta-klentuning atur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar